CORONA DI AWAL RAMADHAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA



KHUTBAH JUM’AT SINKAT BAHASA JAWA
WABAH CORONA DI AWAL RAMADHAN
JUM'AT PAHING, 17 APRIL 2020
MASJID AL-MANAR MRICO TENGAH
KELUAHAN LEBAK KEC/KAB. GROBOGAN
JAWA TENGAH
BY : Ust. FAIZ AMIN


KHUTBAH 1
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى خَلَقَ اْلإِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَائِرِ اْلأَدْيَانِ, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَـثِــيْرًا. أَمَّا بَعْدُ, فَإِنِّى أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : الَّذِيْنَ يَذْكُرُونَ اللهَ قِيَامًا وَقُعُوْدًا وَعَلَى جُنُوْبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُوْنَ فِى خَلْقِ السَّمٰوٰاتِ وَاْلأَرْضِ, رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَذَا بَاطِلًا سُبْحٰنَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ (ءال عمران: 191)

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah, 

Monggo samiho netepi taqwalloh kanthi netepi npo engkang dipun perintahaken dening Allah dan nilar nopo engkang dados awisanipu Allah, hadlirin Sidang shalat jum’at engkang dipun ramati Allah. Wulan Rojab sampun mungkur nilar dhateng kito sedoyo kita. Malah saat puniko kito sampun wonten ing penghujung wulan Sya’ban, nun inggih gerbang tumuju bengkel rohani kagem mbangun diri, nun inggih wulan Suci Ramadhan engkang sekedhap malih badhe ndhatengi kito, hananging musibah demi musibah dereng oncat saking lingkungan kito. Soyo dino soyo katah tiyang engkang dados korban Covid-19. Sakderengopun kito mlebet ing Wulan penuh ramat puniko, sumonggo kito ndadosaken musibah korona puniko sebagai pelajaran kagem kita sedoyo. Kawulo yakin bilih setiap wonten acoro utawi perkawis mesthi wonten hikmahpun. Lan saben-saben musibah mesthi wonten pelajaranipun engkang saged kito pendhet hikmaipun. Dawuhipun Allah ing surat Ali Imran ayat 191 ing ngiggil hamengku arti bilih Allah mboten ndamel sedoyo perkawis puniko kanthi tuno/siyo-siyo.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh,

Kito mangertosi bilih viris corona puniko saged kemawon nyerang dhateng sinten kemawon mboten peduli, mlarat, sugih, gedhe cilik, tuwo enom,  lana wadon, muslim lan kafir sing kufur lan sing kufur sedoyo tanpo kawical-wical. Hal puniko ngengetaken dhateng Zainab binti Jahsy radliyallahu 'anha ngunjuk atur dhateng kanjeng Nabi “ Punopo kito umat memngungso badhe binasa ing mongko aksih katah tiyang-iyang sholi\? Kanjeng Nabi paring pangandikan “Hyo, naliko dosa lan maksiat merajalela. " (HR. Muslim).  

Kanthi wabah virus korona puniko , kito dipun aturi pindah supados ngatah-ngatahaken istigfar, lan amal-amal kabecikan, kanthi wabah puniko kito ditegur sebab sifat cuwek kitoke, kemungkaran, dosa lan maksiat puniko pengundang azab. Lewat wabah puniko sebagian saking kito dipun isolasi, dikarantina supados kito saged bertaqarub dhateng Allah kanthi nindakaken ibadah, dzikir dan ibadah sanes-sanesipun. Kanthi Ibadah saged nuwuhaken ketenteraman lan ketenangan qolbu salah setungaling faktor daya tahan tubuh soyo sehat lan kiyat, Melalui virus corona puniko, kita saged mendet hikmah bolih sedoyo perkawis mboten luput saking kersaning Allah. Sedoyo upauya sampun dipun temmi, ampun ngantos wabah corona pniko nggoyahaken iman tan tahid kito

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Sebagai tiyang lemah engakng anggadahi keterbatasan segala hal, mbioten pantes yen kito sombong. Katah tiyang engkang mbangkang lajeng tumbang, engkang berduit dados keplirit, engkang gerah lajeng pejah, Pengetahuan menungso wonten batesanipun lan mboten sempurna. Allah-lah Sang Pemilik sedoyo ilmu. Sementara kanjeng Nabi nate Dawuh :

   إِنَّ اللهَ لَمْ يَنْزَلْ دَاءً أَوْ لَمْ يَخْلُقْ دَاءً إِلَّا أَنْزَلَ أَوْ خَلَقَ لَهُ دَوَاءٌ عِلْمُهُ مِنْ عِلْمِهِ, وَجَهْلُهُ مِنْ جَهْلِهِ إِلَّا السَّامَ , قَالُواْ: يَا رَسُوْلَ اللهِ وَمَا السَّامُ؟ الْـمَوْتُ.

enkang artosipun 
Saktemene Allah ndadekake penyakit mesthi ono obate kecuali kematian. (HR al-Hakim dalam al-Mustadrak ).  

 Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Corona, negengetaken dhateng kito bilih kito kedah tansah njagi kesucian lan kebersihan. Penelitian membuktiaken bilih kebersihan puniko salah setunggaling tindakan preventif ingkang efektif kaem menangkal berbagai macam virus, kuman lan bakteri engkang tansah nglindungi tubuh kito. Islam nganjuraken dhaetng kito supados njagi kebersihan lan kesucian kanthi nindakaken wudlu lan nyuciaken benda-benda engkang kenging najis. Virus corona ugi mengetken dhateng kito klawan arti syukur. Kanthi rsyukur kito badhe ditebihaken saking segala macem musibah, lan ansah sabar naliko nampi pacoben tawi musibah. Dawuhipun kanjeng Rasul SAW, engkang artosipun, “balak oran bakal ilang selama tasih wonten dosa kang marang ing duwur bumi” (HR. Muslim)

Virus korona ugi negengetaken dhaten kito klawan pentingipun] sinahu sains, terutama sains agama. sebab tiyang egkan bodho mboten saged nyikapi musbah engkang ndhateni dhateng kiambakipun kanhi leres lan sesuai anjuran lan tuntunan Agami Islam. Tanpo ngelmu, kito mboten saged mbiwara-aken kesucian lan kebersihan, Tanpo neglmu, kito mboten saged tawakkal kanthi saestu-estu,, Tanpo ngelmu kito mboten saged mundhut hikmahsaking saben-saben kejadian.

 Ma’asyoirol muslimin rohimakumloh, mugi-mugi Allah tansah paring opangayoman dhateng mkito sedoyo sahinggo kita saged jenjenm ayem tentrem niondakaken ngibadah ing w\ulan ngajeng, wiulan engakn kito ajeng-ajeng barokahipun.mugi-mugi Allah tansah mberkahi dhatneg sedoyo ama; lan ibadah kito sedoyo. Aminamin yaa robal alamiin. 

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. إِنَّ فِى خَلْقِ السَّمَٰوٰاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَٰفِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَالْفُلْكِ الَّتِى تَجْرِى فِى الْبَحْرِ بِمَا يَنفَعُ النَّاسَ وَمَآ أَنزَلَ اللهُ مِنَ السَّمَآءِ مِن مَّآءٍ فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَبَثَّ فِيهَا مِن كُلِّ دَآبَّةٍ وَتَصْرِيفِ الرِّيَٰحِ وَالسَّحَابِ الْـمُسَخَّرِ بَيْنَ السَّمَآءِ وَالْأَرْضِ لَأيَٰتٍ لِّقَوْمٍ يَعْقِلُونَ.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فى القُـرْأَنِ اْلـعَظِيْمِ, وَنَفَـعَنِى وِايَّاكُمْ بِـمَا فِيـْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ والِذِكْرِالحْـَكِمْ وَتَقَبَّلْ مِنّىِ وَمِنْـكُمْ  تِلاَوَتَـهُ إِنَّـهُ هُوَااْلغَفُـرُالَّرحِيْمِ وَقُـلْ رَبِّ اغْـفِرْ وَارْحَـمْ وَأنْتَ خَـيْرُالَّراحِـمِيْنَ.

Khutbah II
   اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْـمَتِــيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُوَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, اَلـْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالـَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّـدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْـمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْـمُسْلِمَاتِ وَالْـمُؤْمِنِيْنَ وَالـْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنِ الغَلاءَ وَالْوَبآءَ وَالْبَلآءَ وَالْفَحْشَاءَ والـمُنْـكَرَ وَالْبَغْيَ السُّيُوْفَ الْـمُخْتَلِفَةَ الشَّـدَائِدَ وَاْلـمِحَـنَ ماظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَـدِنَا هَذَا خَآصَّةً وَمِنْ بُلْـدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْـٌر.رَبَّنَا اَنْزِلْ عَلَيْنَا مَائِدَةً مِنَ السَّـمَآءِ تَــكُوْنُ لَنَا عِيْدًا لِأَوَّلِنَا وَآخِـرِنَا واٰيَةً مِنْكَ وَارْزُقْنَا وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّازِقِـْينَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلـمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِـكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "CORONA DI AWAL RAMADHAN KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA"

Post a Comment