KHUTBAH
JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA
DEMOKRASI
DALAM ISLAM
أَلْحَمْدُ لِلّٰهِ
الَّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ وَعَلَّمَهُ الْبَيَانَ, أرْسَلَ رَسُوْلَهُ
بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى سَاِئِر الْاَدْيَانِ. أَشْهَدُ
أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الَـمَــــنَّـانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ
سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ
وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
Maasyirol
Muslimin Rohimakumulloh.
Mongg
kito sami ningkataken taqwa kito datneg Alloh ta’ala. upados kita tansah
wilujeng awit donya dumugi akhirat samangke. Kawuningono bilih Al-Quran minongko
wewaton umat Islam sampun maringi wewaler kanthi padhang lan gamblang, bilih
sedaya umat Islam kedah ngrengkuh Islam kanthi jangkep, ganep lan wutuh.
Tegesipun kita kedah nindakaken sedaya dhawuh lan nebihi sedaya cegah, tanpa
wonten ingkang dipun sepelekaken. Allah SWT sampun Dawuh :
يٰاأَيُّـهَا
الَّذِيْنَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِى السِّلْمِ كَآفَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ
الشَّيْطَانِ, إِنَّهُ لَـكُمْ عَدُوٌّ مُبِيْنٌ
He wong-wong kang podo iman, mlebuho siro kabeh
ingdalem agomo islam kanthi sempurno, lan siro ojo podo anut marang tindak
lampahipun syetan. Saktemene syetan iku musuh iro kang nyoto. (Q.S Al-baqoroh :
208)
Ayat
wau negasaken bilih umat Islam ampun ngantos ngrungkebi Islam namung
sebagian-sebagian, ateges boten komplit. Maksudipun menawi anggen kita sami
Islam kepingin wetah, komplit, boten gripis, iman kita kedah iman kanthi agami
Islam, sesrawung kita ugi sesrawung ingkang mawi tatanan Islam, ekonomi kita
ugi ingkang dipun atur kanthi coro Islam, politik kita ugi kedah selaras
kaliyan ajaran Islam.
Maasyirol
Muslimin Rohimakumulloh.
Kitab Mu’jamul Ausath jilid 12 sohifah 27-28 negasaken bilih imam, pemimpin, punika mimpin ummat. Wondene ummat inggih punika segolongan ingkang sami. Mila senaosa kita boten kenging memengsahan kaliyan sak sintena kemawon, malah kita kedah nyedherek kaliyan sinten kemawon, ananging perkawis kepemimpinan wonten aturan lan wewaler piyambak. Ewadene wewaler kalawau, antawisipun bilih pemilihan umum, kita dipun atur supados milih pemimpin ingkang shidiq (jujur), amanah (saged dipun pitados), tabligh (transparan utawi saged padhang-padhangan), lan fathonah (prigel) kangge ngladhosi rakyat. Imam Az-Zamakhsyari nalika nafsiraken ayat punika negasaken bilih tiyang ingkang zhalim, sami ugi keranten imanipun kirang, curang, tukang goroh, cidra ing janji, boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin, amargi pemimpin punika tugasipun brastha tumindak zhalim. Kados pundi badhe mujudaken keamanan, keimanan, lan kesejahteraan lan brastha kezhaliman menawi pemimpinipun tiyang zhalim. Ulama’ agung Prof. Dr. Wahbah Zuhaili wonten ing kitabipun Al-Fiqh negasaken bilih tiyang zhalim boten pikantuk dipun pilih dados pemimpin awit badhe ngrisak peradaban. Mila margi kita punika tiyang Islam, tiyang ingkang taat dhumateng aturanipun Allah SWT, mangga kita sami milih selaras kaliyan manah suci kita, niat suci kita, selami tiyang ingkang dipun pilih wau tiyang ingkang shidiq, amanah, tabligh lan fathonah.
Maasyirol
Muslimin Rohimakumulloh.
Perlu kawuningan bilih Undang-Undang Pemilu sampun negasaken larangan ngingingi politik uang utawi money politics. Nanging amargi Undang-undang Pemilu nomer 8 tahun 2012 taksih kathah kekiranganipun ngingingi politik uang utawi money politic, mila ormas-ormas Islam sami kagungan inisiatif kangge nanggulangi politik uang kalawau. Antawisipun, wonten ing pokok pikiran Tanwir Muhammadiyah 2012, dipun tegasaken pitung syarat kepemimpinan. Sepindah, pemimpin kedah tiyang ingkang visioner, ingkang selaras kalian cita-cita bangsa. Kaping kalih pemimpin kedah nasionalis lan humanis tegesipun berjiwa kemanusiaan. Kaping tiga, pemimpin kedah saged bangun paseduluran bangsa ingkang majemuk. Kaping sekawan, pemimpin kedah wantun mundhut resiko saking kebijakanipun. Kaping gangsal, pemimpin kedah saged mundhut keputusan ingkang cepat, tepat lan tegas. Kapng nenem, pemimpin kedah saged ngentasaken masalah-masalah, lan kaping pitu, pemimpin kedah kagungan komitmen moral utawi akhlaq al-karimah supados boten korupsi mangkenipun.
Kangge
nggayuh bangsa lan negara ingkang adil makmur, baldatun thayyibatun wa Rabbun
ghafuur, para alim Ulama Nahdhatul Ulama ugi ngawontenaken Konferensi Besar
wonten ing pondok pesantren Kempek Cirebon tahun 2012. Sami mutusaken wonten
ing bahtsul Masailipin negasaken bilih sedaya peparing saking calon legislatif,
pilkada, pilpres lan sanesipun sami ugi arupi zakat, shadaqah, hadiyah, ganti
uang mobil, ganti uang rokok, ganti uang kerja ingkang dipun syarataken milih
calon, sedaya dipun haramaken supados tiyang Islam saged milih calon ingkang
bersih, jujur lan kagungan akhlaq mulia.
Kito
yakin bilih ormas-ormas Islam sanesipun kados Rifa’iyah, Sarekat Islam, lan
sanes-sanesipun ugi sami wewaleripun. Ingkang mekaten selaras kaliyan hadits
sahih riwayat Imam Bukhari lan Muslim, ingkang ringkesipun mekaten:
ثَلَاثٌ لَا
يَنْظُرُ اللهُ اِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيْهِمْ
“ Ono wong telung
golongan kang ora bakal nompo welas asihe utawi perhatiane Gusti Allah SWT ono
ing dino kiyamat”,
Mila mangga kita sami niat ingkang ikhlas milih pemimpin boten margi bandha dunya, ananging mligi kerana Allah SWT, utawi lillaahi ta’aalaa. Mangga sami rawuh wonten TPS kanthi niat ingkang ikhlas lan tansah sesedherekan dhumateng sedaya tiyang senaosa benten pilihanipun.
بَارَكَ اللهُ
لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ
مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لله حَمْدًا كَثِيْرًا
كَمَا اَمَرَ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ
اِرْغَامًا لِـمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْإِنْسِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَ اَصْحَابِهِ وَ
سَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ،
فَيَاأَيُّهَا
النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى
النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ
عَلَى سيِّدَنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ سيِّدَنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا
اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالـَمِيْنَ اِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
والْمُؤْمِنَاتِ, والْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ, اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ, وَ قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, يَارَبَّ
الْعَالَـمِيْنَ. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْهَدَيْتَنَا وَ
هَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا لَا
تَجْعَلْ فِى قُلُوْبَنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ اَمَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُوْفٌ
رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ اَزْوَاجِنَا وَ ذُرِّيَّتِنَا قُرَّةَ
اَعْيُنٍ وَ اجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِيْنَ اِمَامًا. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ
وَالْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَا
بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِسِيَّا هَذَا خَآصَّةً, وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْـمُسْلِمِيْنَ
عَآمَّةً يَارَبَّ الْعَالَـمِيْنَ. وَاْلحَمْدُ
للهِ رَبِّ الْعَالَـمِيْنَ.
عِبَادَ الله! اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ, وَاِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى, وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ, فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
Unduh Khutbha Jum'at Demokrasi Dalam islam versi Word klik Disini
0 Response to "DEMOKRASI DALAM ISLAM"
Post a Comment