KHUTBAH JUM’AT SINGKAT
BAHASA JAWA
MAULID NABI MUHAMMAD ﷺ 2021
Jum’at Legi, 22 Oktober 2021
Salah setunggalipun conto,
Magayutan kalian dospundi kito gesang bermasyarakat, Njeng Nabi sampun katah
sanget paring dawuh, anatawis ipun inggih meniko:
الحمدُ
للهِ الذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ اْلحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى
الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ أَشْهَدُ أنْ لَااِلَهَ
إلااللهُ وَحْدَهُ لاشرِيْكَ لَهُ اْلحَقُّ اْلمَلِكُ اْلمُبِينُ وَأَشْهَدُ
أَنّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ رَسُولٌ عَلَيْهِ مَا
عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِاْلُمْؤمِنِينَ رَؤُوفٌ بِاْلمُؤمِنِينَ
صَلاَةُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَى سَيّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه
وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إلَى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ أمَّا بَعْدُ
فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ إتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إلَّا وَأنتُمْ مُسْلِمُونَ
Masyitol Muslimin Rohimakumullah.
Monggo kito sami-sami ningkataken
anggen kito taqwa dhumateng Allah ﷻ kanti nindaki sedoyo
perintah–perintahipun soho nebihi sedoyo awisan–awisanipun, ugi ampun ngantos
kito benjang pejah kejawi netepi agami Islam.
Masyitol Muslimin Rohimakumullah.
Perlu dipun mangertosi bilih
dinten meniko 22 Oktober 2021 ngleresi tanggal 15 saking wulan Rabi’ul Awal utawi
wulan Maulud. Wonten wulan meniko, leresipun tanggal 12 Maulud inggih dinten
lahiripun junjungan kita nabi agung Muhammad ﷺ Nabi ingkang terakhir, nabi ingkang mbekto agami Islam, Nabi
ingkang sampun pering ajaran, tuntunan, paring suri tauladan dumateng kitho, setunggalinga
Nabi ingkang saget paring syafaatul ‘Udzma benjang wonten ngarsanipun
Allah ﷻ.
Wonten wulan meniko, monggo
kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat, sami memulyakan dinten lahiripun
Kanjeng Nabi soho sami Introspeksi, sampun pas nopo dereng tumundak-tumindak
kito kalian nopo ingkang sampun dipun wejangaken dheneng kanjeng Nabi? sampun
saget nopo dereng nglampahi perkawis-perkawis ingkang dipun contohaken dheneng kanjeng
Nabi? sampun nglampahi nopo dereng perkawis-perkawis ingkang sampun dipun
perintahaken deneng kanjeng Nabi? ing mongko, Gusti Allah sampun dawuh
wonten surat al-Hasyr ayat 7 ingkang ungel ipun:
وَمَا
أتَاكُمْ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوْا
“Opo wae seng disampekne
deneng Rosul yakni Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ marang sliramu kabeh jupuken, lan opo wae seng dilarang deneng Rosul
tinggalen”
Ayat meniko kanti jelas paring
pangertosan dumateng kito bilih, menopo kemawon ingkang dipun wucalaken, lan
dipun perintahaken dheneng kanjeng Nabi, kito minongko umat ipun kedah niru
soho kedah nglampahi. Kosok wangsulipun, menopo kemawon ingkang dipun awisi lan
dipun tilar deneng kanjeng nabi, kito ugi kedah nilar. Selajengipun menopo,
ingkang kedah kito contho saking tindak lampahipun kanjeng Nabi? Jawaban ipun
katah sanget. Malah-malah sedoyo prilaku, sedoyo tindak danduk, toto kromo soho
toto-coro gesang, sedoyo kolowau sampun dipun contohaken deneng Kanjeng Nabi ﷺ.
Masyitol Muslimin Rohimakumullah.
Perlu dipun mangertosi bilih,
nderek tindak lampahipun kanjeng Nabi ﷺ, nglaksanaaken perintah-perintahipun kanjeng Nabi ﷺ, nun inggih niru prilakunipun Kanjeng Nabi
ﷺ, meniko dipun hukumi sami kaliyan demen
utawi seneng dateng kanjeng nabi. Kanjeng Nabi sampun dawuh (hadits marfu’)
bilih:
مَنْ
أَحْيَا سُنَّتِي فَقَدْ أَحَبَّنِي وَمَنْ أَحَبَّنِي كَانَ مَعِي
فِي اْلجَنَّةِ
“Sopo wonge
ngurip-ngurip/nglakoni sunnahku mongko persasat deweke wus demen marang aku,
sopo wonge demen marang aku, mongko mbesok bareng karo aku neng swargo”
Sak lintunipun kito berusaha
nglampahi nopo ingkang sampun dipun dawauhaken Kanjeng Nabi, monggo wonten
wulan maulud meniko kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat. Maos sholawat meniko
setunggaling tondho bukti cinta kita dhateng Kanjeng Nabi. langkung-langkung
Kanjeng nabi sampun dawuh bilih:
مَنْ
كَانَ أَكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً كَانَ أَقْرَبُهُمْ مِنِّي مَنْزِلَةً
“Sopo wonge paling akeh
mocone sholawat marang aku mongko persasat deweke seng paling cedek panggonane
karo aku”.
Wonten hadits lintu kanjeng
nabi ugi dawuh maleh:
أوْلَى
النَّاسِ بِيْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ أكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً
“Manungso sing paling berhak
nompo syafaatku mbesok dino qiyamat yoiku wong seng akeh mocone solawat marang
aku”.
Masyitol Muslimin Rohimakumullah.
Selajengipun pupung sak
meneiko wulan maulud, inggih wulan lahir ipun kanjeng Nabi Muhammad ﷺ
monggo
kito ugi ngatah-ngatahaken ngamal sae. Poro sohabat Khulafaurrosyidin inggih
meniko sayidina Abu Bakar, Umar, Ustman soho sayidina ‘Ali sedoyo meniko sami
mulyaaken wulan maulud meniko.
Wonten kitab الِّنعْمَةُ اْلكُبْرَى عَلَى
اْلعَالَمِ ingkang dipun karang deneng Imam Ibnu
Hajar al–Haitami, shohifah 7 ngantos 8 dipun dawuhaken bilih:
قال
أبو بكر الصديق رضي الله عنه مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ
مَوْلِدِ النَّبِي صلى الله عليه وسلم كَانَ رَفِيْقِي فِي الجَنَّةِ
Sohabat Abu Bakar RA dawuh:
“Sopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid Nabi mongko wong
mau dadi koncoku mbesok ono ing swargo”
وقال
عمر رضي الله عنه مَنْ عَظَّمَ مَوْلِدِ النبيِّ صلى الله عليه وسلم فَقَدْ
أَحْيَا اْلإِسْلَامَ
Sohabat Umar RA dawuh: “Sopo
wonge ngagungaken dino lahire kanjeng nabi mongko wong mau PERSASAT
ngurip–ngurip agomo Islam”
وقال
عثمان رضي الله عنه مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ
النبِي صلى الله عليه وسلم فَكأنَّمَا شَهِدَ غَزْوَةِ بَدْرٍ وَحُنَيْنٍ
Sohabat ‘Ustman RA dawuh:
“Sopo wonge infaq/ sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid nabi, mongko
koyo–koyo wong mau melu perang Badar lan perang Hunain”
وقال
عليٌّ رضي الله عنه مَنْ عَظّمَ مَوْلِدِ النبِي صلى الله عليه وسلم وَكَانَ
سَبَبًا لِقِرَاءَتِهِ لَايَخْرُجُ مِنَ الدُنْيَا إِلّا بِالإِيْمَانِ
ويَدْخُلُ اْلجَنَّةَ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Sayidina ‘Ali Kw dawuh: “Sopo
wonge ngagungaken dino lahire kanjeng nabi, lan dadi sebabe moco maulid nabi
mongko wong mau ora bakal mati kejobo netepi iman lan bakal mlebu suwargo tanpo
hisab”.
بَارَكَ
اللهُ لِي وَلَكُمْ بالقرأنِ العَظِيمِ وَنَفَعنِي وَإِيَاكم بِمَا
فيهِ مِنَ الذِكْرِ اْلحَكيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَا ومِنْكُمْ
تِلَاوَتَهُ إنّهُ هو السميعُ العليم أعوذ بالله من الشيطان
الرجيم قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللهَ
فَاتَبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللهُ ويَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكم واللهُ غفورٌ
رحيمُ .
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ
لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ، وَنَعُوذُ بِالِلّٰهِ مِنْ
شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ
فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
اِلَّاللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَ
بَعْدَهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ!
اِتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعاَلَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ
بِالِلّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسۡمِ ٱلِلّٰهِ ٱلرَّحۡمَٰنِ
ٱلرَّحِيْمِ. إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يَآ
اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
أَللّٰهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّد عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى اِبْرَاهِيْمَ
وَبَارِكْ عَلٰى مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى
اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
أَللّٰهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
اَلْاَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. أَللّٰهُمَّ اِنَّانَسْأَلُكَ سَلَامَةً
فِى الدِّيْنِ، وَعَافِيَةً فِى الْجَسَدِوَزِيَادَةً فِى الْعِلْمِ وَبَرَكَةً
فِى الرِّزْقِ وَتَوْبَةَ قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةًعِنْدَالْمَوْتِ
وَمَغْفِرَةً بَعْدَالْمَوْتِ، أَللّٰهُمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ
الْمَوْتِ وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ. أَللّٰهُمَّ
ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ
اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا
اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا
رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَالِلّٰهِ
! إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي
اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ الِلّٰهِ اَكْبَرْ.
terimakasih
ReplyDeleteTerimakasih, khutbah jumat terbaru nya sangat bermanfaat
ReplyDeleteijin saya copy Khutbahnya
ReplyDelete