KEMARAU PANJANG MINONGKO MOMENT DAMEL SYKURU LAN TAFAKKUR

 

KHUTBAH JUMAT SINGKAT BAHASA JAWA

KEMARAU PANJANG

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِىْ أَمَرَنَا أَنْ نُصْلِحَ مَعِيْشَتَنَا لِنَيْلِ الرِّضَا وَالسَّعَادَةِ, وَنَقُوْمَ بِالْوَحْدَانِيَّاتِ فِى عِبَادَتِهِ وَتَقْوَاهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارَكَ وَسَلِّمْ, وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا, أمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْـمُتَّقُوْنَ بِقَوْلِهِ تَعَالَى : يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Monggo kito sami-sami ningkataken taqwalloh wonten ing pundi panggenan lan ing sadengah kawontenan, sebab kanthi taqwa punikolah kita saged manggihi kabegjan twin kawilujengan wiwit ndunyo ngantos ajerot. Sholawat soho salam mugiho kanjuk dhumateng Junjungan kito Nabi Agung Muhammad lumeber dhumateng keluwargo sohabat lan sedoyo umatipun ngantos akhir zaman.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.


Mengeti bilih ing wekdal kawentonan sak meniko cuwacanipun panas sanget ngantos 39 derajat celcius. Poro pakar ilmu meterologi mastani taun puniko minongko medalipun fenomena El Nino utawi fenomena pemanasan suhu laut sahinggo saget mengaruhi kekeringan ing wilayah Indonesia. Kanthi keadan mkaten temtu kito anggadahi perhatosan kiambak. Punopo to engkang badhe dipun aturakne dening Allah marang kawulanipun?  

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Wonten pinten-pinten perkawis engkang kedah kito pikiraken minongko tadzkiroh lan renungan tatkolo ngadhepi kemarau pajang kados saat meniko.

Sepindah : minongko moment kagem bersyukur. Sebab perintah syukur mboten namung arikolo kito nampi nikmat saking Allah sarasan, hananging naliko kito nampi pacoben, arikolo kito ngeraos lemah lan putus asa sahinggo saged ndadosaken kito ngeroso butuh marang Allah. Kepingin terus parek marang Pengeran. Engkang dipun nyataaken lewat buntutan ayat nun inggih وَبَشِّرِ الصَّابِرِيْنَ paring kabar gembira dhumaten tiyang engkan purun sabar.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Engkang kaping kalih : minongko moment kagem bertafakur utawi angen-angen. Kanthi kedadosan alam engkang panas meniko supados kito saget nggeraaken nalar lan pikiran kito kagem ningali ayatipun Allah engkan nyoto mingongko tondho-bukti kekuasaanipun Allah.

إِنَّ فِى اخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللهُ فِى السَّمٰوَاتِ وَاْلأَرْضِ لَأٰيٰاتٍ لِقَوْمٍ يَتَّقُوْنَ (يونس : 6)

Saktemene gilir gumantine rino lan wengi lan opo wae kang diciptaake Allah ing langit lan bumi minongko tondo bukti ayatipun Allah kanggo wong-wong kang taqwa.

Mungkin sebagian saking kito wonten engkang mastani ketigo dowo meniko minongko wujud ancaman, ing mongko wontenipun musibah lan prahoro meniko kagem ngelengaken dhateng kito supados sadar lan nambahei anggenipun ngeparek dhumateng Allah lan supados atine tansah ngelingi yen bakale jumeneng ono ing akherat.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Kanjeng Rasul paring dawuh :  

إِشْتَكَتْ النَّارُ إِلَى رَبِّهَا فَقَالَتْ : رَبِّ أَكَلَ بَعْضِى فَأَذِنَ لَهَا بِنَفْسَيْنِ, نَفْسٌ فِى الشِّتَاءِ وَنَفْسٌ فِى الصَّيْفِ. فَأَشَدُّ مَا تَجِدُوْنَ مِنَ الْحَرِّ وَأَشَدُّ مَا تَجِدُوْن مِنَ الزَّمْهَرِيْرِ.

Neroko wadul dhumateng Allah mengkene : Duh Gusti sebagain saking awakku mangan marang sebagiyane. Nuli Allah maringi izin supoyo duwe rong napas. Hyo iku napas ing musim atis lan napas ing musim panas. Napas atis luwih atis ketimbang barang kang paling atis, lan napas panas luwih panas ketimbang barang kang paling panas.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.

Engkang pamungkas, minongko pangeling-eling bilih umur kito soyo dino soyo kirang, boten nambah, mbok menowo wonten sing supe bilih sampun kaping pinten anggen kito ngliwati musim atis lan pusim pans? Ulama’ Tabi’in Hasan Al Bashri paring pepenget “he menungso, saktemene sliramu kui mung kumpulaneng dino lan dino, yen dino-dino iku wus kliwat  mongko lewat ugo sliramu”

Mugi-mugi Allah tansah paring pitedah lan perlindunganipun sahinggo kito kalebet dhateng golonganipun tiyang-tiyang engkang sami purun bersyukur sahinggo mongso-mongso paceklit lan prahoro meniko mingoko panglebur dhateng sedoyo dosa-dosa.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا فَاسْتَغْفِرُوا اللَه الْعَظِيْمِ. إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ التَّوَّابُ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ، وَالعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلَا عُدْوَانَ إِلَّا عَلَى الظَّالِمِيْنَ، أنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَلِيُّ الصَّالِحِيْنَ، وَأشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ إِمَامُ الأَنبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ :  فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. بِقَولِهِ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ الله، اِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاۤئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، فَاذْكُرُوا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ


0 Response to "KEMARAU PANJANG MINONGKO MOMENT DAMEL SYKURU LAN TAFAKKUR"

Post a Comment