KHUTBAH JUM'AT MAULUD NABI MUHAMMAD SAW

 

KHUTBAH JUM’AT SINGKAT BAHASA JAWA

MAULUD NABI MUHAMMAD

Sesungguhnya orang-orang kafir yakni ahli kitab dan orang-orang musyrik yang masuk neraka jahannam dan mereka kekal didalamnya. Mereka itu adalah seburuk-buruk makhluk. Sesungguhnya orang-orang yang beriman dan mengerjakan amal shaleh, mereka itu adalah sebaik-baik makhluk. Balasan bagi mereka di sisi Tuhan adalah surga ‘Adn, yang mengalir dibawahnya sungai-sungai, mereka kekal didalamnya selama-lamanya. Allah ridho terhadap mereka dan mereka-pun ridho kepada-Nya. Yang demikian itu adalah (balasan) bagi oranmg-orang yang taqwa (takut) kepada Tuhannya.


إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوم الدين.  يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا أَمّا بَعْدُ …

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Wonten ing kesempatan ingkang sae maniko, monggo kito ngajak dateng pribadi kawulo lan sumrambah dhumateng panjenegan sedoyo sami kerso netepi iman lan Islam, serto tansah ningkataken taqwa dhumteng Allah Supados kulo lan panjenengan sedoyo sageto pikantuk kawilujengan ing ndunyo khususipun ing akhirat samangke,

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Alhamdulillah tahun meniko kito sedoyo tasih saget manggihi wulan Rabii’ul Awwal utawi Maulud. Setunggaling wulan ingkang hanggadahi sejarah ageng kagem dunia umumipun, lan kagem kito umat Islam khususipun, Inggih meniko wulan lahiripun Kanjeng Rasulul Muhammad , ingkang sampun kito peringati ing wekdal sapuniko.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kenging nopo to, kito sedoyo perlu memperingati dinten kelahiranipun Rasulullah Muhammad ? Keranten kelahiranipun Rasulullah meniko minongko rahmat ingkang ageng sanget kagem umat manusia. Kados dawuihipun Allah ing dalem Al Qur’an surat Al-Anbiya’ ayat 107 :

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ (الانبياء: 107)

Ingkang jawinipun: Lan Ingsung (Allah) ora ngutus siro Muhammad, kejobo dadi rahmat kanggo alam semesta.

Ing setunggalipun hadits ugi didawuhaken:

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ , قَالَ : قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : " يَأَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ

Ingkang jawinipun: He..poro menungso, sak temene aku Muhammad iku rahmat ingkang dihadiahno dateng siro kabeh.

Tegesipun, Rasulullah Muhammad lahir kangge nyampe’aken risalah saking Allah . Supadoso kito saget dados umat ingkang sak sae-saenipun ummat. Ummat ingkang hanggadahi budi pekerti utawi akhlaq ingkang luhur. Keranten diutusipun Rasulullah meniko kangge mbagusi akhlake menungso. Kados Dawuhipun Rasulullah :

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ اْلأَخْلَاقِ (روه احمد)

Ingkang jawinipu: Sak temene ingsun Muhammad diutus kanggo nyempurnakno akhlaq-akhlaq kang mulyo.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Maulid Nabi Muhammad meniko dipun pengeti kalian sebagian besar kaum muslimin ing pnten-pinten negoro. Tujuanipun mboten sanes supados kito sedoyo sageto neladhani akhlaqipun Rasulullah . Acara-acara mauludan meniko mboten namung dipun dadosaken namung rutinitas, utawi acara seremonial kemawon. Hananging sebagai momen kangge mengevaluasi diri kito, dumugi pundi anggen kito nyonto akhlaqipun Rasulullah . Keranten ing ndalem pribadi Rasulullah meniko kebak kaliyan akhlaq ingkang agung, lan ugi dados uswatun hasanah dhateng sedoyo umatipun. Menawi kito saget nyonto, insyaallah kito saget pikantuk kawilujengan lan syafa’atipun Rasullullah mangke ten dinten qiyamah. Kados dawuhipun Allah  :

وَإِنَّكَ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيْمٍ (القلم: 4)

Ingkang jawinipun: Lan temen-temen siro Muhammad andueni akhlak kang agung.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ing antawisipun akhlaq Rasulullah nggeh meniko, Kanjeng Rasul puniko pribadi ingkang sanget welas dhateng tiyang-tiyang faqir, miskin, lan yatim. Kanjeng Rasul saking dermawane, naliko dipun suwuni, kanjeng Arsul  mboten nate nolak. Kangge membantu dhateng sesami, kito mboten perlu ngentosi sugih rumiyin, keranten Rasulullah meniko tiang ingkang paling sederhana, hananging sifat kedermawananipun luar biasa. Keranten saking punikolah sumonggo kito tansah ningkataken rasa cinta kita dhateng kanjeng Nabi Muhammad lan berusaha niru akhlakipun. Lan kagem mbuktiaken cinta kita, monggo kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat dhateng  Kanjeng Nabi Muhammad supados kito saget pikantuk syafaatipun Rasulullah , lan diselametaken saking berbagai bala’ lan musibah, Mugi-mugi kito sedoyo didadosaken tiang-tiang ingkan cinta marang Allah lan kanjeng Nabi, lan saget meneladani akhlaqipun Rasulullah SAW, lan pikantuk syafaatipun mangke ten dinten qiyamat.

 

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِـمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ إنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KEDUA

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. عِبَادَ الله، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَّا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار.

 عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ,  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ, وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ, وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

0 Response to "KHUTBAH JUM'AT MAULUD NABI MUHAMMAD SAW"

Post a Comment